PITUTUR ADILUHUNG PORO LELUHUR

PITUTUR ADILUHUNG PORO LELUHUR
Rejeki iku ora iso di tiru,
senajan podo lakumu,
senajan podo dodolanmu,
senajan podo kerjomu,
hasil sing ditompo bakal bedo, 
iso bedo ning akehe bondho,
iso ugo ono ning roso lan ayeme ati yo iku sing jenenge nasib.
Kabeh iku soko  trisnane  Gusti kang Maha kuwasa,
sopo temen bakal tinemu sopo wani rekoso bakal Gayuh Mulyo,
Dudu akehe nanging berkahe kang ndadekake cukup lan nyungkupi.

Wis ginaris ning takdire menungso yen opo sing urip kuwi wis disangoni soko sing kuwoso,
dalan urip lan pangane wis cemepak cedak koyo angin sing diserot mbendinane,
nanging kadang menungso sulap moto lan peteng atine,
sing adoh soko awake katon padang cemplorot ngawe-awe,
nanging sing cedak ning ngarepe lan dadi tanggung jawabe di sio-sio koyo ura ono guno .

Rejeki iku wis cemepak soko Gusti ora bakal kurang anane kanggo nyukupi butuhe  menungso soko lair tekane pati,  nanging yen kanggo nuruti kerep menungso sing ora ono watese, 
rasane kabeh cupet,
ning pikirane ruwet,
lan tambah marai buntet mumet.

Welinge wong tuo opo sing ono dilakoni lan opo sing urung ono ojo di arep-arep, semelehke atimu yen wis dadi nduwekmu bakal tinemu,
yen ora jatahmu opo maneh kok ngrebut soko wong liyo nganggo coro sing olo,
yo di enteni wae iku bakal gawe uripmu loro,
rekoso lan angkoro murko sak jeroning kaluwargo,
kabeh iku bakal sirna balik dadi sakmestine.

Yen umpomo ayem iku mung biso di tuku karo akehe bondho ndahno rekasane dadi wong sing ora nduwe,
untunge ayem iso di nduweni sopo wae sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan,
seneng tetulung marang liyan,
lan pasrahke uripe marang Gusti Allah.




@



Post Comment

0 komentar:

Posting Komentar - Kembali ke Konten

Monggo Ingkang Kerso Ninggalaken Pangandikan Ingkang Sae lan Mbangun :

PITUTUR ADILUHUNG PORO LELUHUR